sebelumnya banyak terimakasih untuk mas kumitir akan artikel dr kitab kuno yg sulit di dapat. Dening Mbah Guru Kawetokake dening Dewan Pengandhar Sabda Badra Santi ing Padhepokan Argasoka —————————————————————————— Sagunging kahormatan
Nuwun Purwaka Buku sejarah punika nyatheti wiwit ing taun Masehi 1931, saking kepek cathetan tuwin pangandikanipun Eyang Buyut canggah guru desa, tuwin Eyang Pandhita Kanung ing Pareden Kendheng Ngargapura, Pomahan, Sukalila lan Prawata.Piweling tuwin pamantos- wantosipun para swargi Eyang Panembahan Kanung punika: “Nggeeerr anak putuku.. Tak weling poma-poma aja nganti dilirwakake!!! Sejarahe canggah wareng leluhur Kanung iki aja nganti keprungu lan diweruhi dening wong sabrang ngatas angin Maghribi. Yen nganti keprojol, awake dhewe mesthi bakal cilaka lan bilahi; klakon dibuwang neng Sawahlunta. Emrehe disirik wong Mutihan wong Kutha.. Mbesok yen wong Kebo Bule wis mulih ning kandhange, crita sejarahe leluhur Kanung iki bakal dilari digoleki dening priyagung Jawa kang mamestri ngleluri kabudayan Jawa. Lhah ing kono anak putuku tedhake wong Kanung aja tidha-tidha supaya mangastuti medhar mbabar sejarahe luhure dhewe iki: Sura Dira Jaya-ning Rat bakal lebur dening Pangastuti!!!” Mila ingkang mekaten punika sejarahipun leluhur Kanung punika selaminipun jaman penjajahan Landi tuwin Nippong sami sireb kependhem ing pranataning Panguwasa. Nembe jaman Kemerdekaan R.I. punika riwayatipun tiyang Kanung punika wiwit trubus muncul malih. Sanajana taksih wonten Priyantun ingkang ngencepi tuwin mitenah, ngendikanipun: “Tatacara Kuna-Endra wis kependhem wis ilang sirna, kok arep dithukulake maneh. Kolod Mbaahh, kolod. Wis ora njamani!!!” Tumrap kita para sutresna sejarah leluhur Kanung tuwin ngrawat lan memundhi punden leluhur Kanung punika perlu nguri-uri memetri Seni-Budaya Jawi piwulangipun swargi leluhur canggah wareng; wonten bukti kubur patilasanipun nyangkleg wonten ing bumi papan panggenan kita, ing negari kita. Wusana sampun kirang ing pamengku, Nuwun!!! Katiti ing Padhepokan Argosoka, 28 Juni 1996.
Pambabar buku sejarah ttd Kacorek kaleresaken ———————————————————————————— ——————Sejarah Kawitane : Ana Wong JAWA lan Wong KANUNG dening : Mbah Guru .I. Jaman JAMAJUJA (Puluhan ewu tahun kepungkur) Dhek jaman semana Pegunungan Kendheng kuwi wujude ana pegunungan 2 (loro):
1. Pegunungan Kendheng Kidul, karan Pegunungan Kendheng tuwa.
2. Pegunungan Kendheng Lor, karan Nusa Kendheng. 1. Pegunungan Kendheng Kidul Kuwi dununge wiwit saka wetan Pegunungan Kabuh, Kabupaten Jombang, mbanjeng mujur mengulon tutug Pegunungan Masaran, Kabupaten Sragen. Sabab saka anane lindhu prakempa Gunung Lawu jaman sangang ewu tahun kepungkur, ndadekake Pegunungan Watujago bengkah omblah- omblah mujur mengulon; wasana dadi Lembah Ngawi kanggo dalan iline Bengawan Sala nrabas menggok ngalor tutug Cepu. Sakdurunge ana lindhu gedhe, Pegunungan Watujago tutug Pegunungan Masaran kuwi dienggoni menusa sing isih wuda mblejed, wujude kaya kethek- rangutan gedhe pangane rupa kewan: kodok, kadal, ula, cacing, jangkrik, walang, sarta woh- wohan: mulwa, srikaya, mete, dhuwet, popohan, nanas lan liya- liyane. Kabeh mau mung cukup ngapek utawa nyekel ning alas panggonane urip neng kono. Panggonane turu ning gowok sing dhuwur utawa pang-pang gedhe, durung ana sing wani turu ning guwa; sabab guwa- guwa kuwi mesthi dienggoni macan gembong. Wong mau yen mati bangkene diumbar ngenggon kono nuli ditinggal lunga, wekasane diothel-othel dipangan kewan galak; balunge pating kececer ning kana-kana katut banjire Bengawan Sala padha nyangrah ning mbereman Gemolong, Kalijambe, Kabupaten Sragen, wasana kurugan lumpur lan padhas linede Bengawan Sala, uga ana sing tutug mbereman Ngandong, Kabupaten Ngawi. Wong pulo liya sing wis padha duwe tata-budaya, olehi ngarani wong ngono mau aran Wong Legena. Uga ana sing ngarani Gandaruwo. Ana maneh sing ngarani Kethek Limuri. 2. Pegunungan Kendheng Lor Pegunungan Kendheng Lor (Nusa Kendheng) watara limang ewu taun kepungkur wis dienggoni wong sing luwih maju tinimbang wong Legena, wong-wong mau wis bisa gegaweyan gaman-watu diasah landhep. Nusa Kendheng kuwi nalika semana isih wujud Pulo gedhe cawang telu kang kinilung Teluk Lodhan lan Segara; ing sisih wetan ngongkang Telok Lodhan lan Segara Kening. Sisih kidul keledan Segara Selat Kendheng-Kidul lan Segara Teluk Lusi. Sisih kulon Segara Teluk Serang kang tepuk karo Segara Selat Murya. Sisih lor Teluk Juwana lan Samodra Jawa kang jembar lerab-lerab. Gunung Murya isih wujud gunung geni dhuwur-ngukusan, dikilung segara. Nusa Kendheng kuwi ora duwe tanah ngare lembah banthak tadhah udan kang ngembong banyu; wujude mung pegunungan alelengkeh jurang lan gompeng; ing sawetara gompeng ana guwa-guwane padhas sing jembare mung sarompok teba. Neng bumi Nusa Kendheng kono kuwi ora ana thethukulan pari lan jumawud, sing ana mung jalinthing, canthel, lan jagung- kodhok kang thukul subur neng lelowah sing ngembes; wohe dadi pangane kethek, bethet lan bantheng. Ning alas kono lebeng wite: jati, trenggulun, sawo- kecik, mete, klethuk, lan mulwa. Gisike-pesisir nggenggeng wit: krambil, bogor (tal), jambe. Pesisire sing wujud rawa-embet klethukulan: rembulung, bongaow, sarta brayo kang nrecel riyel. Ning punthuk pegenengan sing dhuwur-dhuwur ketel suket-kalanjana lan alang- alang sing dienggoni grombolane bantheng. Bantheng wadon aran Jawi. Sing gemati banget (jawa banget) ning pedhet-pedhete. Ing wayah bengi jawi-jawi mau yen padha turu padha kupeng adu bokong karo jawi-Jawi liyane ngilung pedhet-pedhete. Dene bantheng-lanang sing mbenguk padha kekiter njaga grombolane, aja nganti dimunasika kewan- galak. Nalika semana Pegunungan Kendheng Lor kuwi wis didunungi menusa wong asli pribumi kono. Dedege endhek pawakane cilik, kulite nembaga. Kauripane isih wlaha lugu deles, nanging wis nduwe kemajuwan. Tatabudaya gegaweyan; sandhangane rupa cawed saka lulup waru diperut- alus dienam, utawa lulang kewan diucel nganti lemes. Uripe sagotrah manggon ning guwa- guwa padhas mau, kekancan karo asu-gladag sakirike sing wis padha kawong lulud melu manggon cedhak guwa kono. Bocah-bocah cilik karo kirik kerep padha gojeg kekuwelan nanging nyakote ora tenanan, mung padha ngos-ngosan pating krenggos. Panguripane wong- wong mau saka kekrapa, nyelog, memed, lan mbebedag-ajag. Gamane rupa payal, panah, bedhor, sing digawe saka watu- jae kempling diasah mlingir landhep banget. Yen luru pangan asu-asu kuwi mesthi melu kekinthil utawa jejigar sesanderan ngoyak kewan nuronan, uga sok melu nyelog ndukiri palapendhem-alasan. Oleh-olehane pangan digawa mulih dirantengi mung dikoprok thok, yen wis mateng nuli dioser-
oseri awu rencek-sangkrah segara dadine mbanjur krasa asin; nuli dipangan kepyah- kepyah sabrayate uga asu-asu sakirike padha melu mangan bebarengan. Genine entuke saka wit kang kobong disamber bledheg, pang-pang garing ana genine mengangah merga gesekan karo pang-pang liyane ing mangsa ketiga-ngangkang. Geni kuwi digawe totor marong rina-wengi ning sacedhake guwa kono; yen bengi ngiras digawe memedeni kewan galak supaya ora wani nyedhaki guwa kono; kawuwuhan kewan-kewan galak kuwi padha giris dijegogi asu- gladhak sepirang-pirang swarane mawurahan rame. Yen pinuju padhang rembulan wong-wong mau padha seneng-seneng ning sak njabane guwa, pada jejogedan lan gegandhangan sarta keplok-keplok lan anyul- anyul cangkeme mecucu kaya cupu, tunggak-tunggak utawa kayu sing ngglonthong dithuthuki digawe tetabuhan. Wong asli dhek jaman JAMAJUJA sing uripe isih sarwa deles prasaja wlaha ngono mau diarani Wong Suku Lingga. SIGEG II. Jaman KUNA-MAKUNA (Sadurunge Tahun Masehi, Nabi Isa el masih durung miyos) Wong Nusa Bruney-kidul sing manggon ning saurute pesisire Teluk Sampit sarta neng tepis kiwa tengene Bengawan Sampit- hilir, ing sawijining wektu ketrajang pageblug-gedhe. Jare wong-wong Sampit kuwi padha digrowoti Setan Blarutan-sogrok weteng; nganti akeh banget wong-wong sing padha mati, luwih-luwih bocah cilik sing isih demolan. Wong-wong sing isih urip padha miris banget, nuli padha ngungsi minggat ngumbara
lelayaran mengidul nyabrang samodra Bruney; tumuju ning Nusa Kendheng. Setan Blarutan ora wani nyabrang samodra nututi wong-wong ngungsi mau, jare wedi kesiku Bathari Hwa Ruh
Na, ratune Jim-Samodra. Mangkate wong-wong ning Nusa Kendheng dipangarsani dening Kie Seng Dhang, sawijining wong tuwa Sampit sing wegig lan akeh pengalamane, wong sing jangklanglana ning manca negara.
Sawise lelayar sepuluh dina sepuluh wengi, ing wayah pajar bang-bang-wetan katon regemenge Gunung Nusa Kendheng (saiki Gunung Ngargapura Lasem); gisik sawetane Ngargapura katon sesawangan (pemandhangan, saiki dadi desa Pandhangan) kang ngresepake pandulu. Puncake Gunung Ngargapura katon ampak-ampak memplak, langit resik ngalela warnane biru-lasuardi; ombak agilir-gilir lindhuk nyempyok gisik pesisir sawetane Ngargapura. Yaaa neng bumi kono kuwi wiwite
wong-wong Sampit padha ndarat
cakalbakal dadi bangsa-anyar, aran Wong Jawa. Let sapenginang (wong-wong wadon Sampit padha seneng nginang nglenthusi woh jambe sing isih enom, arane Mucang), prau-prau mau wis padha mepet gisik (palwa-palwa = palwangan. Plawangan, saiki dadi desa Plawangan), para Pandhega mbuwang dandhan padha ndokok (menaruk-naruk, saiki dadi desa Narukan) praune jejer-jejer urut gisik mbanjeng mengidul. Nenek- nenek padha ndisiki mudhun saka prau kanthi mbuwang susure tepes-jambe ning segara, minangka sarat mbuwang sebel saka negarane. Nyi Seng Dhang nguculi udhete ngrogoh cepuk isi lemah-lebu saka bumi Sampit, disawurake ning gisike bumi Ngarga Kendheng; nuli sembahyang sujud sumungkem Pretiwi lan tumenga Angkasa. Wong-wong wadon liyane padha melu sembahyang bebarengan, ing pamuji: “Muga-muga sagotrah krandahe sing padha neneka kuwi padha entuka Kabekjan lan Karahayon pindhah tetruka ning bumi kono, tulusa trah-tumerah turun-tumurun bebranahan nganti pirang-pirang jaman dadi bangsa-anyar neng Nusa Kendheng.” Wong-wong lanang nuli padha nusul munggah dharatan luru papan panggonan sing nyangkleg ning Tuk, kanthi enthuk pituduh lan pangeguh saka kakek Kie Seng Dhang sing lakune wis sempoyongan astane digandheng putune Putri-kinasih umur 12 tahun; praupane ayu pindha golek-kencana, asmane Nie Rah Kie. Kakek Kie Seng Dhang mlaku nusup-nusup ning alas bebondhotan, sawise oleh papan kang cocog lan gathuk nuli prentah ning kabeh krandahe diutus mbubak grumbul nebang kekayon digawe teba. Putri Nie Rah Kie weruh kembang warnane putih-memplak anjrah nedhenge medem uga ana sing isih kundhup gandane amrik-wangi, wite pating grembel ngoyod ning gompeng. Sang putri kesengsem banget nuli matur ning Eyange. “Besuk yen wis duwe omah lan karasan arep nandur kembang sing warnane putih ngresepake banget ngono kuwi.” Kembang mau dijenengke kembang Melathi dening Sang Putri. Watara patang sasi alas kuwi wis dadi papan-pomahan lan pekarangan; nalika kuwi tepak mangsa Labuh wayahe boros padha trubus, uler jati padha dadi ungker, woh-wohan padha medhohi, palapendhem akeh sing isih bentet; ndadekake wong- wong seneng ayem ngrasa ora kekurangan pangan. Minangka kanggo mengeti asal- usule Kie Seng Dhang kuwi saka desa Tanjung-matalayur sawetane Teluk Sampit bumi Nusa Bruney pesisir kidul, mula punjere desa cakal bakal sing didunungi Kie Seng Dhang sagotrah-krandahe mbanjur dijengke desa Tanjungputri (saiki dadi desa Tanjungsari, Kecamatan Pandhangan/ Kragan Kabupaten Rembang). Sawise dadi karas-pekarangan lan pomahan, ing sawijining dina wong-wong mau padha ngumpul ning Balepaguyuban Tanjungputri, perlu ngrembug Tatapranata lan Tataraharjane desa disesepuhi kakek Kie Seng Dhang. Giliging gawe putusan: 1. Ngangkat Kie Seng Dhang diwisudha dadi Sesepuh lan Dhatu Tanjungputri ing salawase Urip, mrenata bumi Pegunungan lan Pesisire Ngargapura, wiwit Pandhangan tutug teluk Lodhan sing gisike wujud Wedhi-malela. Teluk kuwi nggenggeng alase wit Pung kang ketel sirung, ing sisih wetan ana bregade wit Pung-gedhe banget cacahe ana telu (=Sam, saiki dadi desa Sampung). 2. Bumi Nusa-Kendheng diganti aran: Tanah Jawi, nulad arane Bantheng- wadon (jenenge: Jawi) sing dikramatake dening wong Lingga. 3. Awake dhewe kuwi wis ora aran wong Sampit maneh, ngganti aran; wong Jawa, Nulad watake bantheng- wadhon kang jawa-banget (=gemati, ngerti, wigati) mring pedhet-pedhete. (Bumine aran: Tanah Jawi, menusane aran: Wong Jawa). 4. Wong-wong kuwi nuli menehi tetenger Tahun, wiwite dadi Wong Jawa, diarani (Tahun Jawa Hwuning: 1 = 230 tahun sakdurunge tahun Masehi); sarta digawekake Lambang-Reca watu-item gedhene sak-menusa, pethane Kie Seng Dhang ndodhok ning Pongol sawetane Gunung Tunggul. Para tetuwa diwajibake nganggo kalung rambute dewe ditampar, lan diwenehi mendhel/ gandhul singg digawe saka Watu- jae wilis gedhene sajenthik-
manis; memper recane Kie Seng Dhang. Wong-wong mau padha Prasetya-Suci 1. Wong Jawa turun-temurun tutug Jaman apa wae tetep padha ngrungkepi Tatapercayaan-Suci
Hwuning, naluri saka leluhur
Nusa Bruney bangsa Chaow (=inggatan=ngumbara) saka Nusa-Hainan; jaman Jamajuja 3000 taun kepungkur (1000 taun sakdurunge Nabi Isa el Masih miyos). Guru-guru Agung bawana Masriki uga durung miyos neng Alam- ndonya, yakuwi: 1. Laow Tze Tao, 2. Hud Tze Buddha, 3. Kong Tze Khonghucu. Wondene asal- usule bangsa Chaow sing kawitan kuwi wong saka negara China, tepise bengawan Yang Tze Kiang udhik diapit Pegunungan Kwen Lun lan Pegunungan Tang La, Propinsi Ching Wai. Wong-wong mau sumebar mengidul ning bumi Tiongkok-Kidul (Nalika 4000 taun kepungkur=2000 taun sakdurunge taun Masehi), ngliwati sakidule Pegunungan Yun Lin. Ngliwati Propinsi Yunan, Propinsi Kwang Sie, Propinsi Kwang Tung. Nuli nyabrang segara munggah dharatan Nusa-Heinan, sabanjure nuli nyabrang mlebu Nusa- Bruney; sumebar anjrah dadi banbgsa-anyar suku Dhayak rupa-rupa jenenge manut arane Bengawan- bengawan kono (Barito: Maanyan-siung. Kayan: Apokayan, Kenya. Segah: Segal. Maham. Punan. Sampit). Sawise dadi wong Dhayak Sampit nuli ngumbara maneh nyabrang samodra ngancik Nusa- Kendheng, malih ngganti aran: Bangsa Jawa. 2. Ing mbesuk Wong-wong Jawa neng Negara ngendi wae tansah padha nguri- uri ngagungake Ke-Jawane,
lan mekarake Senibudaya Jawa. 3. Wong Jawa sing nyingkur/ nyepele ke-Jawa-ne bakal dadi wong Jawa-jawal sing ora nduwe Dhangkel lan Oyod-lajer. Uripe tansah Nglindur lan Mbangkong nganti ngaya ngayal- andupara, nguber kaendahane Jodhog-layung ing wayah surup Sandyakala. Kakek Kie Seng Dhang ngasta pemrentahan Banjar (=desa gedhe) Tanjungputri genep 30 taun, yoswa 90 taun wis wiwit loyo lan ngrasa wegah; pamrentahan nuli dipasrahake Putri Nie Rah Kie kanthi diwakili garwane yakuwi: Bandhol Hang Lhe Lesy kepala Pelaut pesisir Pandhangan sapengidul. Bareng Putri Nie Rah Kie nyekel pangwasa Banjar Tanjungputri, bandhol Hang Lhe Lesy nggawe pranatan Pemrentahan: Sang Putri Nie Rah Kie dikeker dipingit sajrone Tamansari Kedhaton, ora ana wong lanang sing kena meruhi ragane (praupan lan blegere) Sang Putri; kejaba garwane lan putra-putrine sarta para Emban. Undhang-undhang pranatan Pemrentahan didhawuhake saka Kaputren kedhaton Tanjungputri Kraga (=ngeker raga=kerraga=keraga; saiki dadi Kragan) liwat Emban- keparak; nuli diterusake ning Nayakapraja-priya. Sawise Kie Seng Dhang seda layone ditunu, awu layone dikubur sacedhake Tuk/ sumberan lan didodoki tetenger watu mecongol diayomi wit Wringin-Brahmastana. Minangka Leluhur (=Dhanhyang) sing cakalbakal desa kono, mula asmane Kie Seng Dhang dipepundhi Trah tedhak turune lan kawula-rakyate; panjenengane minangka Dhanhyang Pundhen kanthi dipengeti tembung “Tuk” ning kabeh desa diganti tembung Sendhang. Ngapek saka tembung Seng Dhang (Yakuwi: Sendhangmulya, Sendhangwaru, Sendanggayam, lan liya-liyane). Reliqe (200 taun durung Masehi) dirawati dipepetri Trah tedhak turune digawa ning negara liya digawe tumbal dipendhem ning Taman Pundhen Agung. Wong- wong Tanjungputri yen mati layone ditunu ning gisik Pandhangan, awu-layone dilarung
dikelemake ning segara. Asmane suwargi Putri Nie Rah Kie disungging dening tukang Patung wujud Reca-emas didokok ning candhi gunung Tunggul. Pamrentahan Kraga Tanjungputri klakon madeg nganti pirang- pirang turunan ora ana sambekala, saben ganti Pemimpin mesthi milih Putri kang Witjaksana trah-tedhak turune Putri Nie Rah Kie; lan uga ngeker-raga ning Taman Kedhaton Tanjungputri. Wong- wong Jawa Kraga kuwi uripe wis padha seneng-ayem, sebab padha cepak rejekine sembada sandang pangan lan bale- pomahane, sarta pada tetep ngrungkebi ngluhurake Tata Budidaya Suci Jawa Hwuning. SIGEG Nalika jamane wong-wong Sampit ngumbara ngungsi pindhah ning bumi Nusa Kendheng Ngargapura, iwak Pesut (=iwak Lodhan Bengawan Sampit sing lulut karo Menusa) akeh sing padha melu atut pindah ngumbara; amnggon ning segara Teluk sakidul wetane Gunung Ngargapura, sing wasana Teluk mau mbanjur karan dadi Teluk Lodhan. Nalika jaman semana gisike Teluk Lodhan mau sepi mamring tidhem-premanem durung kejamah menusa; sing manggon bumi Teluk kono mau mung sarupane mauk-segara lan manuk-alas; sarta penyu lan bulus sing arep padha ngendog. Kadhang kala ana Jawi (=bantheng wadon) alas-kono, karo pedhete pada dhede klekaran ning pawedhen ngangetake awak; lawas-lawas Jawi karo iwak Lodhan kuwi padha kawong bisa urip rukun ning gisik kono. Babon iwak Lodhan yen arep manak saben dina nyrondholi nyurungi ganggeng-sangu sing tuwuh anjrah pating krembyah ning segara Teluk kono diunggahake ning gisik; ganggeng-sangu ning ngumbruk ning kono nuli dipangan Jawi sing nedhenge lagi nyusoni pedhete, ndadekake awake krasa seger susune mangkah-mangkah. Bareng babon Pesut krasa arep nglairake nuli nglangi mlumah sarta ngambang, Duplonge (=bayi Pesut) lahiir krogal-krogel ambegan nyerot hawa tumumpang ning wetenge biyunge; Dhuplong kuwi sawise bisa nglangi nuli munggah gisik kanthi gampang ora kesrimpet sangu sing pating krembyah; duplong kuwi arep dhedhe ngangetake awak. Bareng mambu gandane susu Jawi nuli krogal-krogel marani babon Jawi sing lagi nglekar nuli ndesel- ndesel ngenyut susu sing mangkah-mangkah kuwi. Babon Jawi ora kaget mandar aring sarta ndilati Dhuplong sing isih gupak banyu ari-ari; sanalika pedhet Jawi mandar nggeblas lunga lan gebres-gebres sabab mambu gandane ari-ari dhuplong, nuli nyingkir marani sangu nyengguti pupuse sing isih enom- enom. Bareng si Dhuplong wis wareg nggone nyusu nuli kosal- kosel marani biyunge sing isih nunggoni ning banyunan segara. Pesut sing padha bebarengan ngumbara ngalih manggon Telok Lodhan kono mau sasuwene 130 taun, wis padha nak-kumanak tangkar-tumangkar uripe padha jenak-aring kumpul kambi kewan rupa-rupa ning teluk kono. Karo wong Kraga Tanjungputri sing pinuju ning segara, pesut-pesut mau mandar isih wani nyedhak sarta lulut nyrondol-nyrondol. Wong Jawa Kraga yen luru pangan ora gelem nglanjak tutug Teluk Lodhan sing dienggoni Pesut lan Bantheng sing padha urip rukun mengkono mau, apa maneh ngganggu utawa mateni kewan loro kuwi; wong Jawa mandar sirik lan wedi banget ning pamanti-wantine Dhanhyang luluhur: “Anak-putu Kraga aja nganti sing munasika Pesut lan Jawi kuwi, apa maneh nganti mateni.” Wong jawa tedhak turune wong Sampit mau sasuwene 130 taun uga wis padha bebranahan sumebar sepegunungan Ngargapura, dedunung gegobrolan- gegrombolan sagotrah-krandahe. Nalika semana wong Jawa mau wis padha ingon-ingon wedhus- kacangan entuke saka mbasangi cempe-alasan, diipuk-ipuk digemateni dicancang ning cagak amben, kumpul sajromah karo menusa. Bareng wis dadi wedhus bisa lulud nganti nak-kumanak bebranahan, wedhus-wedhus kuwi dikandhangi ning karasan dikilung bethek sarta dicepaki rambanan; rina wengi dijaga asu- gladhak sing wis pomah lan mendara. Wong-wong pomahan nggone nduwe pikiran ngingu wedhus ngono kuwi, perlune yen nduwe gawe butuh masak daging kanggo lawuh-nyomok ora ndadak nunggu dhisik ajag kewan ning alas. Asu-gladhak sing wis ewonan taun urip kumpul karo menusa dijak ajag, njaga omah njaga rumangkang lan rewang gawe liyane mandar mung diumbar turu ning latar ngringkel utawa ning emper- gandhok. Sasuwene wong Jawa lan iwak- Lodhan (Pesut-pesut) kuwi dedunung neng bumi Ngargapura wis 130 taun (Taun Jawa- Hwuning wis taun 130 = Tahun Masehi durung ana), wektu kuwi ana wong neneka pindhahan saka Nusa Tempabesi ndharat ning Tanah Jawi pongol Lodhan segara kening, bebadra bubak bumi alas Pung cikalbakal nggawe desa urut pesisir sawetane Teluk Lodhan; desa mau karan desa Sampung. Wong neneka kuwi wis akeh sing pinter nggawe prau- gedhe, cekung dhasare awak- prau lan anthok-cocoke sing digawe saka kayu-pung sing kuwat krendhem banyu asing (Ing jaman saiki tedhak-turune wong-wong mau padha dadi wong ahli nggawe prau ing Desa Bulu, Kecamatan Bulu, kabupaten Tuban). Liya kuwi wong-wong mau uga pinter nenukang maneka-warna; dadi Undhagi tukang kayu, Pandhe tukang wesi, Gemblak tukang kuningan, Sayang tukang temnbaga, Kundhi
tukang grabah lan Jlagra tukang umpak-watu sakane omah; tata- pakaryane wong-wong mau aran Kabudayan Sampung. Kanggo njembarake papan panggonane, wong-wong mau padha nekad ngrambah alas nglanjak bumi Teluk Lodhan. Wong saka Nusa Tempabesi kuwi Kapercayan/Agamane ngadhep- manembah ning Dewa Srengenge/
Geni, dewa Samodra/Banyu, dewa
Angkasa/Angin, dewa Bumi/Naga Ijo. Wong-wong kuwi ora sirik mangan daging Bantheng lan iwak Pesut; nggone nglanjak bumi Lodhan kuwi mandar ngrasa luwih kebeneran sabab bisa mbebedag-ajag lan misaya iwak kanthi sakatoge. Kang mengkono mau ndadekake kewan-kewan kang biyene padha urip tentrem aring malih dadi kobrak giris kesid; temahan padha minggat sumebar saparan-paran. Pesut lan Bantheng mau padha minggat sumebar mengidul nyabrang segara tumuju ning bumi Nusa Kendheng Kidul, sing alase isih lebeng ketel gung liwang-liwung durung dijamah menusa; segarane cethek ombake lindhuk akeh iwake cilik-cilik maneka warna, ndadekake jenake Pesut- pesut mau gampang oleh pangan. Grombolane Bantheng liyane ana sing terus ngumbara ngidul- ngetan nyabrang segara Supitan-Kamput, nuli terus munggah ning alas-alas gerotan Pegunungan Brahma-Mahameru sapengetan tutug alas gerotan Pegunungan Raung (Saurute Bengawan Brantas dhek Jaman- Jamajuja isih wujud Segara-selat kang ngilung Gunung Kawi, kamput, Ajar-smara, lan Penanggungan. Desa Sampung sawise madeg 75 taun ngalami kertaharja, wonge padha berag-berag omahe panggungan bebanjengan saurute pesisir, praune mangkal jejer-jejer mengulon tutug Teluk Lodhan. Sasuwene 75 taun kuwi wong-wong Sampung mau wis akeh sing padha sambung srawung karo wong Kraga- Tanjungputri, mandar wis akeh sing padha campur jodhon sesilangan. Kabisane gegaweyan wong Sampung padha ditulad wong-wong Kraga. Sabalike Kapercayan-suci Hwuning lan Kabudayan wong Jawa Kraga- Tanjungputri padha ditulad wong Sampung, sebab ragade Upacara-Hwuning luwih entheng lan irid; ilmune luwih blag-blagan Kanyatan gampang. Beda karo Agama-kapercayaane wong Sampung kang sarwa andupara khayal, ilmune rumit ruwed pujamantrane dawa ngalur-alur ndrememel ngeselake; ragade Tata-Upacara akeh bange, sajene ngambrah-ambrah. Kang mengkono mau ndadekake wong-
wong Sampung padha bosen, wekasane mbanjur malih seneng ngalih ganti ngrungkepi kapercayan-suci Hwuning, cawuh luluh karo kabudayan Jawa Kraga Tanjungputri; mandar mbanjur gemang ngakoni aran wong Sampung-Tempabesi maneh, malih ngaku dadi wong Jawa-Sampung. Ing taun Jawa Hwuning 205, wong-wong Jawa-Sampung wis akeh sing padha misah maneh, bebadra sumebar ngidul-ngetan butuh panggonan sing luwih subur loh jinawi ning bumi Nusa Mahameru; srana nyabrang Segara-supitan Kamput kang jembar lerab-lerab wiwit Teluk- Popoh mengalor; mberemane Segara-supitan dadi rawa bening lan rawa Gesikan terus mengalor ngliwati Tulungagung, Kedhiri lan Kertasana; tutug Megaluh (Jombang) tumlaweng menggok ngetan ngliwati Plosso tutug Teluk-Tarik anjog segara Medunten. Bumi Nusa Mahameru sapengetan tutug Pegunungan Raung mau diganti aran dijenengake Nusa Jawa-Pegon, wonge uga karan wong Jawa- Pegon. Ing taun Jawa-Hwuning 205 kuwi wong Jawa Kraga sakwise Pitung-turunan (Anak, putu, buyut, canggah, wareng, udheg- udheg, gantung, siwur) wiwit saka Putri Nie Rah Kie, cacah jiwane wong kono mau wis dadi akeh banget; mandar omahe wong Pandhangan tutug Narukan
wis jejel riyel. Mulane wong-wong mau banjur padha misah tertruka ning bumi sengkaning- gunung saurute Pegunungan Ngargapura kang lelowahe subur banget kethukulan pring-ori dhedapuran bunge nrecel riyel. Ring ilen-ilen banyu kang muleg- muleg selane watu-watu akeh iwake-jambrung pating sriwed nyisili lumute watu. Semono uga wong-wong Trah- tedhake Putri Nie Rah Kie krandhan gisik uga melu pindhah bebadra; sarehne wis kulina urip ning bumi Belahan mula gemang melu tertruka ning bumi sengkaning-gunung, milih panggonan sing nyangkleg segara yakuwi ning perenge Gunung Ngargapurasing sisih lor (Kecamatan Sluke) kang ngungkurake juran jero lan rungkud; desa kuwi disenengake: Terahan (Trah = tedhake Putri Nie Rah Kie). Bumi sing banthak wujud gisik mawa Teluk kanggo mangkal prau-prau manca sing padha mampir arep ngapek banyu omben, mbanjur katelah aran desa Pangkalan. Wanita Terahan lan Pangkalan kuwi misuwur akeh sing manis- ayu, sarta isih padha nerusake naluri Adatcarane Wanita Leluhure ing Tanjungputri; wanita-wanita mau padha seneng nandur wis kembang Melathi kembange kanggo ngrengga raga yen dhong nekani Pahargyan, yakuwi nganggo cundhuk Melathi-sisir nyisip nglaweng ning gelungan, sesumping Melathi-ronyok, kalung ronce gegombyok kembang Kanthil; dene pedinane saben rampung reresik-awak mesthi cundhukan kembang Melathi kuwi. Tumrap wong-wong Priya kanggo renggan Omcen- oncen Surengpati dikalungake ning mendahake Keris. Yen pinuju dina Suci kanggo sawur-nyadran ning kubure Sembok-Semak, uga ning Pundhen-Leluhur Nyai Dhanhyang/Kaki Dhanhyang sing cakalbakal desa; disajeni ubarampe sajen sapepake lan karangan kembang Melathi sarta kutug dupa pratus-wangi. Tutug jaman-saiki para Wanita Wirya Wicaksana sing rumasa isih Trah-tedhak Tanjungputri senajan dedunung ning negara kana-kana, senajan sauwit-wong uwit para Wanita mau isih merlokake nandur kembang Melathi; utawa ngrengga sarira ngagem kembang kang ngresepake-ati kuwi. Minagka sarat ngluhurake drajad, sarta mengeti memundhi asmane Putri Leluhure, yakuwi Putri Nie Rah Kie, Dattsu Dewi Sibah, sarta Maharani Bre Lasem I Dewi Indu Purnamawulan; lan Putri-puri Kriyan putra Eyang Mpu Guru Pr. Santibadra. (Suwargi putri Cempa
Bie Nang Tie lan putri Malokhah uga sengsem melu ngagem kembang Melathi kuwi). Uga Raden Adjeng Kartini…Bersambung

About admin

orang biasa berusaha jd tetap biasa..ketenangan jiwa akan selalu ada asal selalu bersyukur.

5 responses »

  1. darto mengatakan:

    mana lagi sambungannya..

  2. adHe gusti mengatakan:

    bisa ga? penjabarannya pakai bahsa indonesia
    walaupun saya orang jawa tapi saya ga bisa memahami artikel ini.
    saya tertarik

  3. mencari ridho allah. mengatakan:

    kalau bisa bahasanya indonesia ak g ngerti maklum dari sumut.tapi suka dengan ilmu jawa dn sejarah jawa

  4. Moody Anto mengatakan:

    Tolong tulisan tersebut disertai gambar penyebaran/asal-usul orang jawa dan menyatunya beberapa pulau yang menjadi p. jawa spt saat ini (gambar pake power point) yang menjadi satu dalam buku tersebut. Konsep tulisan tangan, soft copy dan hard copy hilang saat pindahan. Terim kasih.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s